CONTOH TEKS MC PERNIKAHAN JAWA









Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarokatuh….. 
……………………………. 


Dumateng para alim ulama, ingkang kita tenggo – tenggo pituduh saha nasihatipun Khususipun dumateng Romo Kyai Sobari Al Hafidz saking tlatah Banyumanik Semarang ingkang kita ta’dzimi lan kito tenggo Mauidloh Khasanahipun 
Dumateng para sepuh lan pinisepuh, ingkang kita sareng sareng bekteni 
Boten kesupen dumateng para tamu undangan kakung saha putri ingkang satuhu dahat kinurmatan. 


Sumonggo kito sareng kunjuk syukur dateng gusti kita, gusti Allah SWT, kanti waosan hamdalah, Alhamdulillahirobbil ‘Alamin.. 
Amargi taksih dipun paringi nikmat iman, islam, lan sehat wal afiat….. saged kempal ing dalu menika, saged kepanggih teng majelis pengaosan walimatul ursy….. inggih punika walimatul ursynipun Mas………………………. Lan Mbk………………. 
Mugi penganten kakung putri dipun paringi sakinah, mawaddah warohmah fiddunya wal akhirat…. 


Selajengipun boten supen monggo kito sareng sareng ngaturaken sholawat dumateng junjungan kita, nabi agung, Kanjeng Nabi Muhammad SAW kanti waosan Allahumma Sholi Ala Muhammad…..…. 
Mugiyo lantaran sholawat kita sedanten angsal syafaatul udzmahipun ing yaumul qiyamah… 
Hadirin Hadiroh ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko: 


1. Adicara ingkang Sepisan inggih Punika Pambuko 
2. Ongko kalihipun Atur Pambagyo 
3. Selajengipun Istirohat 
4. Ingkang Ongko Papat inggih punika Waosan AL Quran 
5. Ingkang ongko gangsal inggih punika Tausiyah 
6. Adicoro ongko nenem ingih punika, Penutup 


Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis dalu monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab. 
Liridho’illahi Ta’aala Wa lissyafa’ati Rasulillah, Alfatihah… 


Maturnuwun waosan Al-Fatihahipun , mugi-mugi dados lancaripun acara dalu meniko. 






Adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko Atur Pambagyo.. ingkang bade kasto dening bopo Rustam, 
Dumateng bopo rustam kawulo sumanggaaken……… Sumonggo 
…………………………. 
Mekaten, kawula aturaken maturnuwun 


Adicara Saklejingipun inggih punika istirahat…. 


Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko waosan Al Quranul Karim, ingkang bade kaasto dening Ustad Zaenal 
Dumateng Ustadz Zaenal, kawula sumanggaaken, sumangga….. 
… 
Dumateng Ustadz zaenal dipunaturaken maturnuwun, mugi lantaran waosan al quran saking ustadz zaenal saged maringi berkah kangge kita sedanten 


Adicoro ingkang ongko gangsal inggih punika Mauidloh Khasanah, ingkang badhe kaasto dening Romo Kyai Sobari Al Hafidzh saking tlatah Banyumanik 
Dumateng romo kyai sobari al hafidzh, kawula sumanggaaken.. 
AllahummaSholliAla Sayyidina Muhammad…….. 
Alhamdulillah dumateng, Romo kyai Sobari Al Hafidzh kawula aturaken maturnuwun 


Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken 
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.


Cekap semanten atur kulo, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami. 


……………….. 

Wassalamualaikum Wr Wb 

Comments

Post a Comment

Popular Posts